001. ALLAH IKU MAHAKWASA

1. ALLAH IKU MAHAKWASA
( Kidung Pasamuwan Jawi / KPJ/ lirik KPJ )

Allah iku maha kwasa, kang nitahken langit -bumi,
tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali kali.
Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji

2. Kang kepareng ngabyantara* anèng Padaleman Suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi
Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugengjanji.

3. Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti,
gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti.
Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.

4. Gapuraning Padaleman kangkata**, mrih ombér sèstu.
krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu,
yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Mask Off - Future dan Artinya

lirik lagu Dison Adong Huboan Tuhan B.E. 848. logu no B.E. 848.

Kristo, Daan ng Buhay (Lyrics and Chords)